Oleh: Drs Suprayitno | September 28, 2009

Artikel WUJUD LAN WERDINE “ PANJI LAMBANG DAERAH “

WUJUD LAN WERDINE “ PANJI LAMBANG DAERAH “

1. Awujud perisai gambar jejantung alancip gangsal, ingkang mengku werdi dhedhasaring nagari nuswantara nengih Pancasila.

2. Seratan Tulungagung, ngemu suraos : tulung ateges pitulungan, agung ingkang ateges ageng. Tulungagung mengku werdi pitulunagn ingkang ageng.

3. Wulen pari gunggung 17 sinartan kembang kapas gunggung 8 ingkang nedahaken kamakmuraning tlatah Tulungagung ingkanmg bebasan loh jinawi gemah ripak karta tur raharja, linambaran kamardikaning bangsa Nuswantara.

4. Kartika alancip 5 ingkang mapan sak pucuking tombak, mengku werdi sinandhi gegayuhan ingkang luhur kanthi alelandhesan jiwa Pancasila.

5. Ana wewujudan bunder seser lir jinangka, mengku werdi sinandhi warga Tulungagung kanthi raos Guyub Rukun, manunggaling tekat nggennya mbangun Tulungagung ingkang tumuju Nagari ingkang adil makmur lan sentosa.

6. Ewondene ingkang ngadek jejeg awujud Tombak sinangga landheyan sak dedeg pengawe, tan sanes pusaka piyandsel miwah sipat kandeling warga Tulungagung nenggih nkanjeng Kanjeng Kyai Upas.

7. Wonten wewujudan candhi bentar binelah dados kalih mapan wonten kanan miwah kiring, ingkang mujutaken wiwaraning warga Tulungagung tumuju warga ingkang adil makmur adhedhasar adil lan bebener.

8. Wit waringin angrembuyung, minangka pralambang pangayoman mring sagunging warga Tulungagang datan mbedakaken asor lan luhuring drajat lan semat.

9. Sekar tunjung agodhong gangsal kuncup kalih, anggambaraken bilih duking nguni, Tulungagung dumados saking rawa-rawa, ewondene kuncup kalih anggambaraken manunggaling kawula miwah nara praja ngennya mangun praja kanthi alelandhesan nunggal jiwa, nunggal bangsa lan nunggal basa.

10. Ewondene warna cemeng lan jenar, ingkang mengku werdi gegayuhaning warga Tulungagung tunuju jamnan kencana rukmi ingkang data nana pedhote.

KAPAN JUMEDHULE ISTILAH “ MACAPAT “

Kanggo mangsuli jumedhule tembung “ Macapat “ perlu nlusur anane lan uripe puisi Jawa. Puisi Jawa kuna kang asal saka India diarani “ Seloka “. Ana ing kasusastran Jawa kuna tuwuh Puisi/geguritan kangb diarani “ kakawin “.

Ing jagade kasusastran Jawa kuna uga ana istilah “ Kidung “ kaya kang kamot ing Serat Kakawin Ramayana, kang panulise udakara dek jaman Mataram Kuna yaiku jaman sugenge Dyah Balitung udakara tahun 908 M.

Ing layang Batarata Yuda Jawa kuna karangane Empu Sedah lan Empu Panuluh jamane Prabu Jayabaya raja Kediri ( 1130 – 1160 ) ing pupuh enem pada siji, uga ngemot tembung

“ Kidung “ kang dening Prof. Dr. PJ Zoetmulder ditegesi “ song “. Dene Dr. H.H. Juinboll negesi “ ngesong “, lan L. Mardiwarsita negesi “ nyanyian, sanjak “.

Nalika jaman Majapahit ( abad 12-13 ), tembung kidung dadi araning gupitan sing pinathok dening cacahe wanda saben sagatra, lan tibane swara (dhong dhing) ing pungkasaning gatra. Serat (buku) ing pungkasaning basa dhinapur kidung banjur diarani Serat Kidung. Kaya upamane Setat Kidung Panji Angreni, Kidung Sundayana, Kidung Ranggalawe, Kidung Sri Tanjung, lsp.

Sabanjure ing serat Kidung Ranggfalawe tinemu istilah “ Tambang “ yaiku reroncening ukara saemper kidung kang tembene tembung tambang owah dadi tembung “ tembang “.

Sabanjure nalika Jaman Demak, tinemu rumpakan kang dhapukane padha karo kidung Majapahitan. Sunan Bonang ngaranag Serat Suluk Wijil, Kidung Dhandhanggula. Sunan Geseng ngarang Setar Suluk Malang Sumirang, sinawung kidung Sinom, Asmaradana, Mijil lan Dhandhanggula.

Nalika jaman Surakarta, kajaba tembung “ Kidung “ ing kene wus ana tembung “ Macapat “ senadyan ing serat-serat karangane para Pujangga isih tetep tinemu istilah Kidung.

Adhedhasar tulisan ing ngarep, bisa dipesthekake kira-kira jumedhule istilah “ Macapat “ yaiku nalika jaman kapujanggan Surakarta, yaiku jaman sakiwa tengene tahun panulise Serat Rama ( 1750 ) lan Serat Bratayuda anggitane R.Ng. Yasadipura I ( 1729-1801 M ).

Sabanjure bab ketemune tembung “Macapat”, ana sing negesi golonganing tembang kang pamedhot anmggone maca utawa nglagokake, kapedhot papat-papat / matang wanda, uga ana panemu liya kang mastani “ Maca limpat “ marga panembange “ cepet, cepat “ ora kedawan ngenging swara lan luk-luking cengkok

Dek jaman biyen cingkok tembang Macapat kang ana among cengkok Palaran, jalaran tuwuh ana desa Palar (desa pidaleme R.Ng. Ranggawarsita (1802-1873). Dene saiki cengkok macapat warna-warna : Dhandhanggula : Ddg.palaran, baranglaya, padhasih, kentar, turulare, kanyut, penganten anyar lss., ana Sinom : Wenikenya, parijatha, Grendhel lss.,Pangkur : cengkok Dhudha Kasmaran, Ngrenas, geger sore lss.

Makaten sekedhik bab pamanggih wontenipun tembang Macapat. Upama ana panemu liya, bisa-bisa wae lan ora mokal jer tulisan iki yomung awujud panemu. Ing wasana bener lan lupute among sumangga.

*) Kapirit saking seratanipun kadang Drs. RS Subalidinata ( Minggon Jayabaya 49 Agustus 2008 ).

TULADHA PANYANDRA “ TEMANTEN PUTRI MIJIL “

Wus tinarbuka wiwaraning kandha, kinarya hamiyak wewadine budhaya nenggih budi dayane manungsa inkang rinakit mawa indahing basa, sastra miwah cvarita, satemah hambabar gelaring budhaya ingkang endah, edi, adi luhung bangkit hangarah prana, miwah hangangkat drajating bangsa.

Duking nguni rinakit para sarjana sujana ingkang sujaneng budi, kebak wewarah suci, kena kinarya tepa palupi, marma pantesta kalamun den uri-uri murih lestari widada ing salami-lami.

Binarung swarane pradangga munya ngarangin keplok imbal angedasih, nuli ana ganda arum mangambar ngebaki jroning bale winangun, datan watawis dangu ana teja manther sasada lanang gedhene, den kedhepake ilang tejane kasengguh hapsari ing kasuwargan ingkang tumurun mring madya pada arsa andum kabagyan, satuhu punikata tejane Sri atmaja temanten Putri ingkang mijil saking sasana tepas wangi arsa manjing ing sasana pahargyan.

Mabyor-mabyor busananira ingkang hangimba busananira prameswari nata, marma kalamun katempuking Ywang candra pating galebyar pating calarot pindha kartika asilih pernah. Amucang kanginan dennya lumaksana membat madya lumenggang ing warih, lembeyan merah kasimpir riyak hanggajah oling.

Prapteng madyane pawiwahan kagyat kagara wekasan kang apindha sitaresmi nenggih mustikane pawiwahan, dupi anguningani sanggyaning para tamu ingkang sampun lenggah satata pepak sinaraja kaya handhayong-dhayongna pancak sujine bale winangun. Marma kapanduking raos ingkang tumanem jroning kalbu kadi karem karaban ing memanis sinandhing kastuba manik, ingkang satuhu datan kena cinitra ing ukara.

Prapteng unggyan ingkang tinuju, rising atmaja temanten putrid sigra kalenggahaken aneng sasana rinengga, kinapit patah sakembaran ingkang wus samapta ing gati sawega ing dhiri. Ing astanira wus angasta gantal ingkang winastan gondhang kasih, ingkang sampun linambaran mantran-mantran sakti, guna kasantikan, guna kawijayan, guna pangasihan, kayata jaran gyang, semar mesem truna lele lsp.

Dhasar Sri Atmaja Temanten Putri wanudya ayu rupane karengga ing busana. Nalika samana mangagem busana warna …………………. Sinulam benang kencana awangun lunging gadhung rumambat ngrawit. Agegelung malang awangun bokor mengkurep, acecundhuk mentul tinata runtut akrya patut. Asesemek sekar melathi rinonce awangun wulan tumanggal, sinartan tiba dhadha tinumpangaken ing pamidhangan kanan, ngalewer prapteng jaja, ebah-ebah kalamun ginawe lumampah, marma kalamun katiyubing maruta manda ngambar gandanira nganti ndumugi wanjawine pangurakan.

Weweging pranaja pindha cengkir ngadhing piningit, yayah hanjebol-jebolnya mekak madya ingkang minangka setu bandane sarira. Kicating canela ingkang tinaretes sarwa retna, kalamun cinandra pindha wredhu hanggra sasra ingkang lumaku ing wanci pangklong.

Datan watawis dangu risang atmaja temanten putri wus kalenggahaken aneng kursi rinengga, semuning wardaya sajak kuciwa karana dennya angrantu jejaka tumaruna ingkang minangka gegantilane nala miwah memaniking netra ingkang dereng prapta.

Nalika samana ingkang putra temanten putrid wus lenggah kanthi anggana raras, tegese ….. lungguh piyambakan.

………………..ooOoo………………….

home

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Kategori

%d blogger menyukai ini: